Mluvčí: Francis

Jazyk Javánština wiki ethnologue
Austronéská jazyková rodina wiki
latinské písmo scriptsource
Římskokatolická církev wiki

Znamení kříže

Konjuk ing asma dalem Hyang Rama, Saha Hyang Putra, Tuwin Hyang Roh Suci. Amin

Otčenáš

Rama kawula ing Swarga, Asma Dalem kaluhurna, Kraton Dalem mugi rawuha, karsa Dalem kalampahana, wonten ing donya kados in Swarga. Kawula nyuwun rejeki kanggé sapunika, sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem, kados déné anggèn kawula ugi ngapunten dhateng sesami, kawula nyuwun tinebihna saking panggodha, saha linuwarna saking piawon. Amin

Zdrávas Maria

Sembah bekti kawula Dèwi Maria, kekasihing Allah, Pangéran nunggil ing Panjenengan Dalem sami-sami wanita Sang Dèwi pinuji piyambak, saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yésus. Dèwi Maria Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangèstu Dalem, samangké tuwin bénjing dumugining pejah. Amin

Sláva Otci

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci, kados ing mula-buka, sapunika, sarta ing salami-laminipun. Amin

Apoštolské vyznání víry

Kawula pitados ing Allah Rama Sang Mahakuwasa ingkang nitahaken bumi-langit, saha ing Gusti Yésus Kristus Putra Dalem ontang-anting Pangéran kawula, ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba déning kuwasa Dalem Hyang Roh Suci, ingkang nandang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang séda sarta kasarèkaken, tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking séda, mékrad dhateng Swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah Rama Sang Mahakuwasa, saking ngriku badhé rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci lan panunggiling para suci, pangapuntening dosa, tangining badan, saha gesang langgeng. Amin